Daftar Isi Artikel :

Lirik Lagu Tahlil Pancasila - Kenduri Nusantara

Lirik Lagu Tahlil Pancasila - Kenduri Nusantara

TAHLIL PANCASILA

Oleh Kang Djuni Banser Kota Blitar


Mangke Dalu ba'do Maghrib diaturi kenduren
Wonten daleme mbah Urip sing kepaten
Mangke Dalu ba'do isya diaturi tahlilal
Wonten daleme Pak Sujak sing slametan

Ayo budal, ayo podo budal
Gemerkah poro tonggo nompo kondangan
Ora emban sinde ora emban siladan
Pandongane wong akeh, kajat kaleksanan

Sing babah bakal wuwuh
Sing obah bakal mamah
Jo nganti wis makmur lali marek sedulur
Saboyo pati saboyo mukti amalan tahlilan kang mersudi

Ayo budal, ayo podo budal
Nyengkuyung amal lan iman
Nyawiji urip bebrayan
Monggo poro bapak pinarak ingkang jenah

Ngapunten sedoyo, nyuwun lepat kawula
Dumateng poro tonggo, nyuwun sewu
Amargi mung saged tersilo teng kloso

Sak meniko kajatan kadose sampun dugi sedoyo
Monggo dipun kawiti ingkang minulyo
Pak Kaji imame pun dalah njenengan mawon
Boten Gus, sekecane njenengan mawon

Pancasila kaping siji
Nunggemi gusti kang wiji
Syariat dadiyo budoyo mandegani
Nuswantoro tentrem margo soko agomo
Agomo dadeke rukun gawe santoso
Sampun dados totocoro gandolane ati
Ejawantaken tahlil tahlil

Monggo dimulai

Afdholu dzikri fa'lam annahu
Laa ilaaha illallah

Pancasila dadi falsahing ati
Nderek tahlil amalan kang sejati
Pancasila dadi falsafahing bangsa
Nderek tahlil citro bela negara

Pancasila kaping pindo
Manungso pikantuk jumeneng mulyo
Luhuring bebuden digungken adi wibawa
Toto kromo tahlil adi coro adi roso

Pancasila kaping telu
Tahlilal gawe rakyat tuwug bersatu
Priyayi lan wong cilik sarwo mituhu
Bekti ing gusti supoyo slamet tinemu

Pancasila dadi falsahing ati
Nderek tahlil amalan kang sejati
Pancasila dadi falsafahing bangsa
Nderek tahlil citro bela negara

Pancasila kaping papat
Kerakyatan yang dipimpin oleh hikmat
Kebijaksanaan dalam bermusyawarat
Sinten dadi imam mufakate jamaat

Tanpo saweg darojat, sedoyo podo taat
Tahlil dimulai, sedoyo sami mulad
Tahlil didongani, sedoyo bermunajat
Tahlil dipungkasi sedoyo bersholawat

Shallallahu robbuna ala nuril mubin
Ahmadal Mustofa Saiyyidil Mursalin
Shallallahu robbuna ala nuril mubin
Ahmadal Mustofa Saiyyidil Mursalin
Wa Ala Alihi Wa Sohbihi Ajmain

Pancasila dadi falsahing ati
Nderek tahlil amalan kang sejati
Pancasila dadi falsafahing bangsa
Nderek tahlil citro bela negara

Pancasila kaping limo
Monggo berkate kanggo sedoyo
Adil ra mbedake isine podo
Pokoke teko keduman roto

Video

Simak Video di bawah ini :

Download

Silahkan KLIK tombol di bawah ini :
Baca juga :

1 komentar

  1. Sip. Semoga tambah kreatif.